Regol

ATUR PAMBAGYO

Kawula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene ing wekdal samangke panjenengan sampun kersa nyambangi website log (blog) TRAH KARTOWI-KROMO, leluhur kita sedaya wingking saking tlatah Plosowangi, Kec. Cawas, Kab. Klaten, ingkang tansah satuhu kita sami uri-uri.
SELAMAT DATANG dan TERIMA KASIH atas kunjungan Bapak/Ibu/Kakak/Adik/dst. ke website log (blog) TRAH KARTOWIKROMO, leluhur kita semua yang berasal dari  Plosowangi, Kec. Cawas, Kab. Klaten, yang sama-sama kita cintai dan hormati.
Kita sedaya mangertosi bilih ing ri kalenggahan punika trah Kartowi- kromo satuhu sampun kasebar wonten ing sedaya wilayah Nuswantara, malah saget ugi wonten ingkang lenggah ing manca negari. Awit saking pinika namung nama trep bilih ing antawis setunggal lan setunggalipun boten saget tepang kanthi rinaket.
Kita semua memahami bahwa pada saat ini keberadaan trah Kartowikromo tersebar di seluruh pelosok tanah air, bahkan mungkin ada yang bertempat tinggal di luar negeri. Karena itu, sangatlah wajar jika antara satu dengan yang lainnya tidak mengenal secara dekat, atau bahkan tidak kenal sama sekali.
Blog punika dipun anggit pinangka wewadah sedaya trah: wayah, buyut, canggah, wareng, lan sak lajengipun, saking panjenenganipun Swargi Kyi/Nyi Kartowikromo, ingkang supados saget angempalaken balung apisah. Sedaya pawartos wigati/berita keluarga tuwin artikel punapa kemawon saget dipun serat wonten ing blog, lan salajengipun keluarga sanesipun boten kemawon saget maos pawartos ingkang kaserat, nanging ugi saget urun rembag kanthi nulis pamanggih ngengingi pawartos kasebat.
Blog ini dibuat sebagai wadah bagi seluruh trah: cucu,cicit, canggah, wareng, dan seterusnya dari Alm. Kyi/Nyi Kartowikromo, agar kita semua bisa saling berkomunikasi dan diharapkan dapat dijadikan sarana untuk angempalaken balung apisah.  Berita-berita penting/berita keluarga ataupun artikel tentang apa saja dapat ditulis di blog, dan selanjutnya anggota lainnya tidak saja dapat membaca berita yang ditulis, akan tetapi bisa berinteraksi dengan menulis komentar atas tulisan tersebut.
Ing pangangkah, daftar sedaya anggota Trah Kartowikromo kalian silsilah keluarga (kanthi lengkap) ugi bade kawios wonten ing blog pinika. Kanthi makaten rinaketing keluarga saget dipun jagi, utawi sak boten-botenipun saget mangertosi anggota trah setunggal lan setunggalipun wonten ing blog.
Pengurus berharap agar pada saatnya nanti, daftar seluruh Anggota Keluarga Besar Trah Kartowikromo berikut silsilah keluarga secara lengkap dapat dimuat pada blog ini. Dengan demikian kedekatan dan "keguyuban" keluarga ditingkatkan, atau sekurang-kurangnya satu dengan yang lainnya dapat kenal melalui blog ini.
Ing wasono cekap semanten anggen kawulo matur, bok bilih wonten kirang trapsilaning atur utawi wonten atur ingkang boten mranani panggalih panjenengan sami, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Cukup sekian pengantar dari kami, dan mohon maaf jika ada kata-kata yang kurang berkenan di hati Bapak/Ibu sekalian.
 


Salam taklim,
Pengurus Paguyuban,
SUWARNO - Ketua


No comments: