Sunday, May 17, 2009

PUPUH IX - PUCUNG

SERAT WULANG REH
Yasa Dalem Sri Susuhunan Pakubuwana VI

 P U C U N G
  1. Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den awas, aja dumeh bisa angling, den apantes masa kalane micara.
  2. Nadyan namung sakecap yen nora patut, prenah ing wicara, sadurunge den kaesthi, awasane semune rewang alenggah.
  3. Lawan aja sok metua wong celathu, aneng pasamuwan, ora pantes kang kawiji, ora ana kang kasimpen ing wardaya.
  4. Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen wus melu nora kena tinututan.
  5. Milanipun den prayitna wong celathu, aja sok supata, pan dadi regeding urip, yen micara larangana ngucap tobat.
  6. Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha, den gemi wedaling lati, masa mangke supata ginawa dinan.
  7. Akeh tiru pangucap saru rinungu, anut ukaning tyas, tan ana kang angukumi, ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.
  8. Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah cucah, anyenengi batur sisip, yen duduka den dumeling sisipira.
  9. Iku padha den teguhana den kukuh, lawan aja sira, angalap randhaning abdi, miwah sanak kanca satunggal sapangan.
  10. Gawe salah graita kang padha ngrungu, sanadyan lilaa, iya kang anduwe rabi, sanakira ilang pitayaning mana.
  11. Nora wurung sinebut kalamun rusuh, batur ira padha, suda pangandeling batin, mring bandara masa kuranga parawan.
  12. Lawan aja cacad ingkang luwih agung, pan patang prakara, ingkang dingin wong madati, pindho botoh ping telune wong durjana.
  13. Kaping pate wong budi saudagar tambah, sabarang prakara, mung mungkul suka lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.
  14. Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus, kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, durung marem yen durung simpen saleksan.
  15. Mung sukane yen ana dhedhayoh muncul, nggawa gandhen emas, anenembung utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah.
  16. Wong durjana kang kaesthi siang dalu, mung wong sugih arta, kang den incih den malingi, luwih ala-alane budi durjana.
  17. Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu dura, lamun pawitane enting, ora wurung nggegampang duweking sanak.
  18. Nora etung wasiyate kaki buyut, tan nganggo den eman, barang wesi tumbak keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.
  19. Lamun menang angkuhe kaya wong agung, belaba aloma, tan anganggo ngeman picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.
  20. Dene lamun kabutuh tanwurung nguthuh, mring tetangganira, yen kalimpe denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.
  21. Dene yen wong madati keset tur angkuh, barang gawe sungkan, kang dadim kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.
  22. sarta nyekel bedutane den elus-elus, angedhep pangeran, leren nyered banjur dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.
  23. Lamun ana rewange wong nyeret iku, ingkang karujukan, crita cinrita pra gaib, para rasa sastrane ingkang rinasa.
  24. Sira ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu, andangi sabarang, nora nganggo wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.
  25. Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong kekurangan, pikir peteng susah ati, suka bungah adhangan akale ndara.
  26. Yen wus ndadi nyerete awake kuru, mesem ulatira, njambut wadi saking warih, lambe biru untu putih arang nginang.
  27. Tenmenipun satronjambe gambir suruh, injet lan mbakonya, kinira yen wedi getih, tan angandel puniku mewani cahya.
  28. Nyeret lawas ambekane melar mingkus, jelagra neng dadha, watuke saya gumugil, yen agering ndalinding metu bolira.
  29. Iya iku alane wong mangan apyun, uripira dadya, tontonan padhaning jalmi, singgahana wewaler telung prakara.
  30. Ana maning wewaler aja sok wuru, nora nganggo masa, endi lirira puniki, nginum sajeg puniku watake ala.
  31. Yen amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg pikirnya, sabarang angrasa wani, tinemenan wekasane dadi ala.
  32. Lawan aja karem mring wanita ayu, kang ala anggepnya, lan aja mbukak wewadi, mring ngarsaning wanita tan wurung corah.
  33. Sampun lumrah ing wanita datan brukut, asimpen raharja, saking rupake ing batin, apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.
  34. Nitahaken pawestri pan kinaryeku, ganjaraning priya, kabeh padha den nastiti, mring pitutur sayekti kudu prayitna.
  35. Aja dumeh pitutur kang tanpa dapur, yen becik bakalnya, den anggowa manfaati, aja kaya Pucung kalawan kaluwak.
  36. Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun kasekaraken Pucung 22 pada sekar.
  37. Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah pisah.
  38. Den budiya kepriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
  39. Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.
  40. Aja kaya sadulur memanise dipun runtut, oja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.
  41. Abot enteng wong duwe sanak sadulur, ji tus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.
  42. Luwih abot wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing karsa.
  43. Lamun bener apinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.
  44. Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping karya.
  45. Kang saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age bendanana.
  46. Datan mari bebendon nggone malincur, age patrapana, sapantese dosaneki, mring santara darapon dadi tuladha.
  47. Nadyan iya wong cilik pasti piturut, kang padha ngawula, dimen padha wedi asih, pan mangkono lakune wong dadi tuwa.
  48. Den ajembar anggonira amangku, den pindho sageta, tyase amot ala becik, mapan ana pepancene sowang-sowang.
  49. Pan sadulur tuwa wajibe pitutur, mring kadang taruna, kang anom wajibe wedi, dipun manut tuture sadulur tuwa.
  50. Kang tinitah dadi anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula ngowai kodrating Suksma.
  51. Nadyan bener yen wong anom dadi luput, dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing beji, awening tingale aja sumunar.
  52. Lan maninge pan ana pituturingsun, yen sira amaca, sabarang layang den eling, aja pijer ketungkul ngelingi sastra.
  53. Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik sira anggawa.
  54. Ingkang ala rasakena dadi luput, supaya tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik wiwitane kawruhana.
  55. Wong kang laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono ugi ing wekasanipun teka dadi ala.
  56. Ing sabarang prakaran dipun kadulu, wiwit wekasanya, bener luput den atiti, ana becik wekasane dadi ala.
  57. Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi becik ing wekasanira.
  58. Ewuh temen babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wasise basa raharja.


No comments: